CERKAK
Kewiyak Senajan mangsa rendheng, ning sasi Mei udane kok wis arang-arang tiba. Malah wis ana yen mung sepasar, udan blas ora ana. Sore iku, bakda tutup bengkele motor lan mobil, Sukro njur tumuju gudhang njupuk selang sing dawane ora kurang saka rong puluh meter. Slang di pasang ing kran pajokan teras, pucuke di ewer-ewer digawa neng pojok latar taman ngarep, arep kanggo nyirami pethetan. Gaweyan iku tansah di tindakake saben sore yen ora ana udan. Kejaba kanggo nyirami latar supaya ora bledug, pethetan uga banjur katon ijo royo-royo tur seger. Ijone gegodhongan lan wernane kembang sing werna-werna bisa gawe resep ing pandulu. Ora suwe Rama KRT Widyo Kusuma katon miyos ing pendhapa sing jembar lan ngengreng iku. Bareng pirsa Sukro siram-siram njur ndangu : "Suk, mobile rak sehat ta?" Gage Sukro wangsulan : "Inggih Rama, mobil titihan pribadi kalih-kalihipun sehat, malah kala wau bibar kula serfis." "O ya sukur, merga sore mengko aku karo...