Kawruh Bab Uyon-Uyon
1.
Andharan Uyon-uyon
- Uyon-
uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan
ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih
punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’.
- Unining gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi
thuthukan alon.
- Lelagon
jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
- Soran
utawa ‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’, ngginakaken
ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong
saha Kendhang.
- Gendhang
Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/
instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab,
Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang
minangka pamurba irama.
2.
Tegeesipun uyon-uyon lan sesambetanipun kaliyan
masyarakat
Uyon uyon inggih punika lelagon jawa sing ditembangake
sinden tanpa jejogedan. Sesambetanipun kalihan masarakat inggih punika kagem
adicara- adicara ageng kayata pahargyan penganten, ngundhuh mantu saha adicara
ringgit purwa
3.
Dudutan
Uyon-uyon punika wujuding Panawung Kridha
sesarengan(kerja kolektif) ingkang betahaken jumbuhing raos, gotong royong,
mat-sinamat lan bantu binantu boten wonten ingkang kepingin manjila piyambak
saha tuwajuh ing ayahan lan jejibahan.
Tuladha Lelagon Uyon-uyon
Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Nem
Ki Nartosabdo
. . . . . 1> 2> 1> . 5 . 6 . 1> . 2>
Ba-pak-ne wan
- ci e-
suk
I – ya be-
ner kan-dha- mu
A –
jake- la- duk gem- blung
Ham-bok we-
las a- nak- mu
. . . . 2> 1> 6 1> . . 5 6 1> 6 1> 2>
Tla-ten
te-men ko – we the-ngu
the-nguk
Pa-won i- ku da - di kwa-jib- an- ku
U-wong
la-nang mung pa- wit- an
dheng-kul
Ga-lo ka –e a -
na ke-bon jem-brung
. . . . 6 5 6 4 4 4 6 5 6 3 2 1
Nge-ling-a-nan
eng pa-won ken-dhil-e nggo-ling
Ning
pi-kir-en be-ras en - tek bum-bu ta -
pis
A –pase-neng
yen bra-yat- mu pa-dha kling-sir
Sre-gep- ana
o-lah le-mah di – tan-dur - i
. . . . 1> 2> 3> 5 . . 1> 2> . . 3> 5
Lha i - ku ha
- rak bu- tuh - mu
Yen ngo-no a - ku
sing ko - jur
Mang-ka a-ku
se-
neng ngang-gur
A-ku nja-luk sa - ngu pa - cul
. . . . 7 6 5 4 . 496 596 392 1
I - sen i –
sen jro -
ning pa - won
A - pa sing
ku - du tak
a - dol
Ma-ngan tu -
ru o - mong
ko -
song
Tu-man-dang
a - ngga
- rap ke
- bon
Lancaran Gugur Gunung, Laras
Pelog Pathet Barang
2> 7 2>
7 2> 7
2> 7 3
5 6 7
3> 2> 7 6
A – yo kan – ca a – yo kan – ca nga- yah-
i kar- ya- ne pra- ja
2> 3> 2>
3> 2> 3>
2> 3> 2>
7 6
5 6 2 5 3
Ke- ne ke- ne
ke- ne ke- ne gu-
gur gu-nung tan- dang ga- we
. , 5
6 6 6 6 6 2
3 5 6
5 7 6 5
Sa –yuk sa- yuk ru- kun be- ba- reng-an ro kan -ca- ne
. . 2
3 3 3
3 3 5
6 7 5
6 5 3 2
Li- la lan le- ga - wa kang-go mul- ya- ning ne- ga- ra
2> 7 2>
7 2> 7
2> 7 .
. 3 5 6
6 6 6
Si - ji lo- ro te
– lu pa- pat ma- ju pa- pat
pa- pat
. 3> 6
7 6 3> 2>
3> 2> 7 6 5
3 3 3 .
Di- u -
lang u- lung- a-
ke mes-thi eng- gal ram – pung - e
, 6 6
6 6 6
6 6 .
5 5 5
5 5 5 5
Ho – lo – bis kun- tul ba- ris
ho- lo- bis kun- tul ba - ris
. 3
3 3 3
3 3 3
6 . 7 5
2 2 2 2
Ho – lo – bis kun-
tul ba- ris ho - lo- bis kun- tul ba - ris
Kawruh Budaya Gamelan Karawitan
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ingpulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropa lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan milinébanyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
- Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung kelompok, yaiku :
- Kelompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing).
Kendhang, Saron, Bonang Barung, Bonang panerus, Slenthem, Gender Barung, Gender Penerus, Gambang, Gong, Kempul, Kenong, Kethuk, Clempung, Siter, Suling, Rebab, Keprak utawa Kepyak, lan Bedhug
Sejarah:
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah déning Sunan Bonang.[butuh rujukan] Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, tepukan tutuk saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran ya iku sléndra lan pélog. Sléndro nduwèni limang nada saben oktaf ya iku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf ya iku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, ya iku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi ya iku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken déning Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sadaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr ya iku jazz-gamelan kang nduwèni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan ya iku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa ya iku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Pathet
Ing laras sléndra ana telung pathet yaiku: Sléndra pathet nem, Sléndra pathet sanga, lan Sléndra pathet manyura
Ing laras pélog uga ana telung pathet yaiku:Pélog pathet lima, Pélog pathet nem, lan Pélog pathet barang
Pathet iku kayata panggonan kanggo gendhing utawa kang ngatur gendhing. Ing wayang kulit yèn ditanggap ing wayah bengi uga nggunakaké pathet ing tabuhan gamelan. Pathet iki mertandaké wayah andharane inggih punika: Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi, Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk, lan Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk
Jinise:
Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1) Wujud Tebokan
 |
Kendhang Ageng |
Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
 |
Kendhang Ciblon |
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
- Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
- Kendhang wayangan
- Kendhang batangan utawa ciblon
- Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
2) Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh dithutuk.
a) Gender
Gendèr iku salah siji pirantigamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélognduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara.
Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulitricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :
a. Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
b. Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
c. Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :
a. Tabuhan gendèr gembyang mbukak
b. Tabuhan gendèr gembyang nutup
c. Tabuhan gendèr gembyang minggah
d. Tabuhan gendèr gembyang mandha
e. Tabuhan gendèr kempyung mbukak
f. Tabuhan gendèr kempyung nutup
g. Tabuhan gendèr kempyung minggah
h. Tabuhan gendèr kempyung mandhap
i. Tabuhan gendèr gantungan gembyang
j. Tabuhan gendèr gantungan kempyung
k. Tabuhan gendèr mipil
l. Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku :
a. Tabuhan gendèr pathetan
b. Tabuhan gendèr ada-ada
c. Tabuhan gendèr grambyangan
b) Gambang

Gambang iku salah siji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Baliuga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahedigawe saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 cm nganti 58 cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah. Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 cm.
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik pekingsing tengah-tengah saron barungtembè demung.
Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lanslendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambanè 9 cm. Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron

Saron iku salah siji perangkatgamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emaskang disusun ing kayu. Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda.
Ana 3 jinis saron yaiku:
• Saron panerus (ing laras slendro: Peking)
• Saron barung biasa disebut saron
• Saron demung biasa disebut demung
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.

Peking iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh, sejatiné peking iku saron panerus. Anggoné nabuh kaping pindho, kaya-kaya ngimbali balungan liyané. Ukurané luwih cilik tinimbang saron lan demung. Larasé uga padha laras pélog lan sléndro. Tabuhé kagawé saka sungu kebo, lan ana uga sing digawé saka kayu kang bentuké mèh padha karo sungu kebo.
3) Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude Pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dithutuk, jagur
a) Bonang
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
• Bonang barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn.

Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kainlan Pluntur
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gongning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.
b) Kethuk lan Kempyang

Kethuk iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang
Kempyang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
Kenong iku salahsiji perangkatgamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kay a ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
e) Gong

Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé sakatosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
4) Wujud Kawatan
a. Rebab
Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.
Celempung iku piranti gamelan sing dipetik, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Piranti gamelan iki, bareng karo siter dadi piranti utama ing gamelan siteran. Ing pagelaran gamelan, piranti iki termasuk kelompok panerusan lan nduwé tempo sing pada garo gambang ya iku tempo cepet.
Ukuran celempung dawane kira-kira 90 Cm, nduwé 4 penyangga. Dadi dibanding siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa. Celempung disetel pasangan ing laras pelog lan slendro. Nada celempung iku seoktaf ing ngisore siter.
c. Siter

Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang. Siter iki fungsine pada karo Celempung. Lumrahé, siter disimpen ing jero kothak. Nalika digunakake, kothaké kanggo ancik-ancik siter supaya pas karo niyaga sing lungguh.
5) Wujud Pipa
a. Suling

Suling iku salah siji piranti musiksing disebul. Fungsiné kanggo nambahswara-swara ing melodi. Ing musikgamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan
Sundha.Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter
Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
b. Kemanak

Kemanak inggih punika perankat gamelan kang wujude memper gendhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
Alat Kanggo Nabuh Gamelan

Komentar
Posting Komentar