SESORAH
Hallo ini post pertama kali dari saya. Selamat Membaca 😆😆😆
#IndonesiaMembaca
#IndonesiaMembaca
SESORAH

1.
Tegesipun sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake
gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh.
Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake
polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning
manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi
apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi,
tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing
apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi
laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda
jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.
2.
Jinisipun sesorah
a.
Sesorah
kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah
kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih
dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora
ana panemu-panemu anyarasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajroning
cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen bisa njalari
kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan
utawa bocah-bocah sing nembe ajar pidhato.
b.
Sesorah
kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks
kuwi pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca
sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari,
mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tujuan
sakawit, ora kliru lan wektu kang winadya winates. Dene yen ana rembug-rembug
liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara saresehan
utawa temu wicara.
c.
Sesorah
kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora
kanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah
kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih
pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
d.
Sesorah
kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedhar sabda kudu
ngasta cathetan cilik minangka gaman utawa pengeling-eling urutaning isi sing
bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake.
Cara iki biasa digunakake deningdwija kang arep mulang ana ing sangareping
muride.
3.
Cengkorongan Sesorah
Rantamaning sesorah, antawisipun:
a)
Salam pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun)
b)
Purwaka inggih menika ngunjukanken puja-puji marang
ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu
lampahing adicara.
c)
Surasaning basa/isi/wos sesorah, inggih menika underaning
bab ingkang dipunwedharaken
d)
Dudutan (simpulan) inggih menika inti sarining wedaharan
pangajeng-ajeng inggih menika bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang
nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng.
e)
Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun
pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
4.
Ancasipun Sesorah
Ancas utawi tujuanipun sesorah saged kapilah :
1.
Atur pambagya
Sesorah Kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing
acara menapa kemawon, umpaminipun : ing pahargyan (pesta), syukuran lsp.
2.
Atur kabar, pawarta utawi informasi
Informasi saged arupi palapuran utawi nyariosaken
satunggaling bab dhateng pamiarsa, pramila bab igkang kawedharaken kedah
gamblang/cetha. Umpaminipun : sesorah ing rapat, promosi barang, lsp.
3.
Atur panglipur / hiburan
Ancasipun supados ingkang mirengaken remen penggalihipun.
Umpaminipun : ing layatan, atur saking pambela sungkawa.
4.
Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengaken pitados, kapilut
manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken tiyang
ingkang sesorah.
Umpaminipun : panyuluhan kesehatan (KB, nyegah sesakit,
njagi lingkungan, ngajak senam sehat).
5.
Bab kang wigati nalika maos sesorah
Supaya anggone sesorah bias kaleksanan kanthi becik, mula
sing sesorah kudu nggatekake bab :
a)
Basa
Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing disdhepi.
Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang
sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa
wong sing kudu dikurmati.
Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing
desa utawa kampong bias nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bias
kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
Manut kanyatan ana ing adicara temanten, syukuran,
supitan, tanggap warsa (ulang tahun), basa sing digunakake yaiku basa krama
sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawa dirungokake lan tandha
kurmat marang tamu sing padha rawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja,
ukarane ora ngambra-ambra lan wusanane penak dirungokake dening wong liya.
b)
Busana
Ajining raga saka busana. Menawa sesorah prayogane
migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha
mirengaken sesorah uga bias kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga
kalarasake karo kahanan lan tujuan.
c)
Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron
utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora
kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora
lugu kaya wong maca buku.
d)
Solah bawa, patrap (sikap)
Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg
madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja
ndangak.
Tuladha Pidato Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr. Wb.
Salam
kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya
aamii.
Para
sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten;
Bapak
kepala dusun ingkang satuhu kinurmatan;
Bapak-bapak
kepala rukun warga lan rukun tetangga ingkang kula hurmati;
Sanggyaning
warga dusun Bringin ingkang tansah bagya mulya.
Nuwun, sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan
rumaos bilih kula sedaya titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa
dening Pangeran Dzat Ingkang Maha Kuwaos, pramila namung dumateng
Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur inggih awit
kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan punika saperlu
mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa Indonesia.
Ing saklajenganipun, minangkani sedherek panitia
peringatan hari kemerdekaan Indonesia 17 Agustus 2017 menika keparinga kula
matur wonten ngarsa panjenengan sami, ananging sakderengipun kula matur, hambok
bilih wonten atur kula samangkih kathah kekirangan saha atur ingkang kirang
trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sanggayaning brayat agung pedukuhan Bringin, kecamatan
Srumbung, kabupaten Magelang ingkang winantu bagya mulya. Kula sedaya sinaosa
mboten nyumerepi piyambak labuh lebetipun para pahlawan anggenipun sami
berjuang ngetohaken jiwa lan raga kangge mujudtaken kamardhikan negara
Indonesia. Ananging saking crita ingkang kamireng saking pinisepuh utawi saking
buku-buku waosan sejarah, saestu sedaya pengorbanan para pahlawan kagem bangsa
Indonesia menika mboten alit lan sedayanipun saestu tulus ikhlas mboten wonten
raos melik menapa kemawon.
Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet
satunggaling tuladha saking perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia. Mugi
menapa ingkang dados cita-cita saha tujuan para pahlawan sagedto kula
panjenengan sami gayuh, nun injeh katentreman lan kebebasan ingkang ateghes bebas
kagem nemtoake nasib bangsa Indonesia.
Sagung para warga ingkang bagya mulya, tugas kita kagem
berjoang mboten namung berjuang nglawan penjajah kemawon, lakung-langkung
wonten wekdal menika, perjoangan tasih dibetahaken kagem nglawan kebodhoan,
kasangsaraning masyarakat, ugi marang kamlaratan. Mila saking menika kanthi
pengetan dinten kamardekan Republik Indonesia kaping 70 tahun 2015 monggo sami
cancut tali wanda, gumregut temandang karya, sepi ing pamrih, rame ing gawe anggenepin
gesang wonten ing masyarakat.
Mekaten dudutan ingkang saged kula aturaken, mugia
kenging kagem panglimbang saha paniting sawetawis muriha kamajenganing nusa lan
bangsa. Wonten kasar saha klentuning atur, saestu kula namung tansah nyeyadhong
sihing pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sumber:
http://www.sesorah.com/2015/04/contoh-sesorah-bahasa-jawa-pengetan-dinten-proklamasi-17-agustus.html
Komentar
Posting Komentar